Kucing Sing Pinter Ngalembono

Judul : Kucing Sing Pinter Ngalembono

Penerbit : Karunia Jaya Surabaya

Suwijining ndina ana kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku ing pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh saka endi. Kucing dadi kepingin melu mangan, terus nggolek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah - kata kang mendhemi, kucing rumangsa iso ngrebut empal saka anak thekek sing muturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai thekek, awakmu iku ketok pengkuh, rosa banget lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?". Thekek bungah banget dialembana dening kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone kucing, empale bakal tiba nang njobin. Kucing ora kurang akal, banjur takon maneh.

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?". Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa. Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu". Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Asal Usul Kutha Surabaya