Postingan

Menampilkan postingan dari 2018

Kucing Sing Pinter Ngalembono

Gambar
Judul : Kucing Sing Pinter Ngalembono Penerbit : Karunia Jaya Surabaya Suwijining ndina ana kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku ing pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh saka endi. Kucing dadi kepingin melu mangan, terus nggolek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah - kata kang mendhemi, kucing rumangsa iso ngrebut empal saka anak thekek sing muturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman. "Hai thekek, awakmu iku ketok pengkuh, rosa banget lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?". Thekek bungah banget dialembana dening kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone kucing, empale bakal tiba nang njobin. Kucing ora kurang akal, banjur takon maneh. "Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa t...

Asal Usul Kutha Surabaya

Gambar
Judul: Asal Usul Kutha Surabaya Penerbit: Karunia Jaya Surabaya Garwa prameswari majapahit (garwane prabu brawijaya) nalika siram ing taman bebarengan karo para sisihane panggedhe majapahit, dumadakan ilang musna. Majapahit geger. Prabu brawijaya banjur ngutus sungging prabengkara nggoleki garwane sang prabu. Ing tengan dalan sungging dipethuki nabi khudur lan diparinggi katranan yen prameswari majapahit mau wis seda dishusta dening iwak sura lan baya. Iwak sura lan baya nalika andhusta prameswari majapahit mau apengawak manungsa, nabi khidir banjur mundhut pirsa marang kekarone kepriye larah-larahane dene wong loro mau andhusta lan mateni prameswari majapahit nalika didangu dening Nabi Khidir kekarone padha banjur tutuh-tinutuh awit padha ora rumangsa dosa, jalaran anggone mateni prameswari mau saperlu mung kanggo lebong weteng. Sing ngajak-ajak andhusta lan mateni prameswari Majapahit kuwi iwak sura (dene baya mung melu ngobyongi wae), nanging sura ora gelem ngakoni dosa...